Selasa, 10 April 2012

artikel basa jawi kula :)


NALUSUR KAENDAHAN ING SALEBETING BUMI PACITAN
Pacitan kalebet panggenan utawi wewengkon rekreasi alam ingkang edi peni ugi panggenan ingkang subur amargi kathah taneman ingkang thukul subur. Pacitan kondhang “Kutha 1001 Guwa” amargi wonten kirang langkung 300 gunung alit ingkang nyimpen guwa. Guwa menika ugi nyimpen tinggalan arkeologi pra-sejarah.

Guwa ingkang kondhang endah inggih menika guwa gong saha guwa tabuhan ingkang dumunung ing Desa Bomo, Kecamatan Punung. Guwa Gong awujud ruwangan ingkang panjangipun 100 meter, wigyaripun 15-40 meter saha inggilipun 20-30 meter. Ing salebetipun guwa gong wonten stagtit (watu kapur awujud conthong ing pyan guwa) saha stalagtit (watu kapur ingkang ngadeg wonten ngandhap) ingkang dipunthukuli heligtit. Stagtit saha stalagtit kala wau dipun asmani Sela Giri. Sela Citra Cipta Agung, Sela Pakuan Brama, lan taksih kathah malih. Wonten flowstone ingkang awujud aliran toya ingkang rendhet, wonten sumber toya ingkang boten nate asat, saha toya rembesan saking watu watu guwa ingkang makempal dados sendhang sendhang alit cacahipun gangsal. Sendhang sendhang kala wau dipun asmani sendhang Kamulyan, sendhang Relung Jiwa, Sendhang panguripan, Sendhang jampi Raga saha sendhang Relung Nistha ingkang sampun dipunpercados saged kangge tamba penyakit. Kajawi menika, wonten ruwangan ruwangan ing guwa Gong. Ruwang kapisan inggih menika Ruwang sendhang widadari ingkang wonten sendhang alit kanthi toya bening. Ruwang kapindho ruwang widadari dene ruwang tiga saha sekawan inggih menika ruwang Kristal lan marmer. Ruwang gangsal ingkang paling wigyar nate kangge konser tiyang mancanegara. Ing pungkasan ruwang nem inggih menika ruwang watu gong ingkang wonten stalagtit menawi dipun tabuh ndadosaken swanten.
Yuswanipun gua gong 10 taun, dipun panggihaken warsa 1924. Jaman ndhisik asring swanten gamelan saking guwa gong pramila namanipun guwa gong kapendhet saking salah satunggaling perangan gamelan (gong). Ingkang kapanggih guwa gong menika Mbah Noyo Semito saha Mbah Joyo nalika mangsa ketiga pados toya. Guwa gong dipun bikak kangge umum warsa 1996. margi kangge nuju guwa gong sampun aspalan ananging menawi sampun rawuh ing ngajeng gerbang guwa gong kedhah mlampah 100 m. saderengipun mlebet guwa gong wonten sewa senter Rp 5000,00 ugi wonten tiyang ingkang dagang souvenir menapa dene dhaharan. Fasilitas ing guwa gong inggih menika parkiran,WC umum,mushola,warung warung alit. Ing tengahing guwa wonten tandha ‘DILARANG MASUK’ amargi mbebrayani saha kirang oksigen. Kangge ngraosaken kaendahan bumi pacitan inggih menika guwa gong cekap mbayar 5000 kangge tiyang sepuh utawi dewasa saha 2500 kangge lare

Tidak ada komentar:

Posting Komentar