Selasa, 10 April 2012

mangga maos pawartos rumiyin :)


PAWARTOS BASA NGOKO

      Korban kacilakan maut kang mujudake penumpang taksi cacah 4 pranyata calon pembantu rumah tangga utawa calon rewang kang arep tumuju omahe calon juragane ing kutha Surakarta. Bab kasebut dimangerteni sakwise sawijining korban aran Nur Halimah kasil diidentifikasi dening kulawargane kang lagi wae teka saka Jawa Timur.
Anane Nur Halimah, korban kacilakan kang kadadeyan ing Sragen- Ngawi penere ing Desa Konjungan Sragen. Nurhayati lan bojone, Supri ora bisa nalika niteni tetenger tatu ing tangan tengene korban. Nur Halimah lagi wae mulih saka Medan, Sumatra. Sakwise 2 taun nyambut gawe dadi pembantu rumah tangga, Nur Halimah ndek dina Minggu wingi bareng karo kancane cacah 3 dadi rewang nyambut gawe menyang kutha Surakarta dadi. Nur Halimah lan kancane cacah 3 diterake karo sopir taksi korban kacilakan kasebut. Jasade Nur Halimah wusanane digawa mulih dening kulawargane.
     Dinas Pertanian kutha Surakarta nemokake saperangan sapi kurban ing wewengkon Surakarta ketaman cacing ati sanajan mangkono Dinas Pertanian Surakarta nelakake ati kang ana cacinge ora mbebrayani. Dinas Pertanian kutha Surakarta ngrepotke petugas pemantau lapangan cacah 40 jroning nggungkap lan sakwise pambelehing kewan kurban. Tim dipantau dadi 5 panggonan, kang ngawat- awati kanthi ajeg ing kelurahan cacah 51 ing Surakarta. Sabeting sinatan dokter kewan siji, kang dipriksa kesehatan katindakake tumrap nalika kewan isih urip lan daginge sakwise dibeleh.
Miturut kepala Dinas Pertanian, Winik Dayanti, cacahing kewan kurban ing Surakarta kahanane apik lan murwat dipangan. Jroning survei kang ditindakake, nemokake kewan ketaman anthrax apa dene penyakit mbebrayani liyane. Liyane mung nemokake sapi kang ketaman cacing ati. Miturut Winik Dayanti, cacing ati kasebut ora mbebrayani tumrap manungsa nanging daging sapi kudu diolah ing suhu 100 derajat Celcius nganti pirang- pirang menit. Sapi kang kena cacing ati kasebut padatan angel lemune ananging ora mbebrayani menawa dipangan. Taun iki ana 5% sapi kurban ing Surakarta kang kena cacing ati sawetara pesenan kewan kurban ing kutha Surakarta nggayuh 15.000 saka wedhus, sapi, lan sapiturute. 

 PAWARTOS BASA KRAMA
 
     Tim Nasional Indonesian sampun nggelar gladhen seminggu ing kitha Surakarta, pemain Tim Nasional Indonesia kala wau siyang bidhal dhateng Qatar saperlu tata- tata ing tetandhingan babak kualifikasi piala dunia zona Asia. Saking pemain cacah 26 ingkang ndherek training centre menika dereng saget dimestekaken sinten kemawon ingkang badhe bidhal. Kajawi kiper I Made Irawan ingkang nembe sakit. Sawetawis Christian El Loco Gonzales pitadhos saget nandhingi timnas Qatar 19 November 2011 benjing. Para pemain Tim Nasional Indonesia ingkang dipunsawetaken ngadhepi 3 pertandhingan ing babak kualifikasi piala dunia. Timnas Indonesia sampun kawon 3 pertandhingan sakdherengipun. El Loco Gonzales pitadhos Timnas dereng bejo ing pertandhingan  sakdherengipun nalika mengsah Qatar ing Gelora Bung Karno.

     Tiyang sepuhipun siswa kelas 7 SMP N 1 Klambo, Grobogan nyaruhi kabijakan sekolah ingkang medalaken anakipun. Tiyang sepuhipun matur marang pihak sekolah supados purun nampi anakipun malih. Tiyang sepuhipun Tatang Kunedi, siswa kelas 7 SMP N 1 Klambo kecamatan Grobogan, Grobogan tindak dhateng sekolahan nyaruhi kabijakan sekolahan ingkang medalaken Tatang Kunedi. Dene kang andhasari kabijakan kasebat amargi kasus kroyokan. Tatang Kunedi njlentrehaken, piyambakipun sanes pelaku kroyokan naning korban. Ananging pihak sekolah malah medalaken, saking pihak kaluwarga menika dipunanggep mboten adil. Sawetawis, Kepala Sekolah, Darmanto negasaken putusan medalaken siswa kasebat mboten amargi kasus kroyokan ananging jalaran siswa menika sampun mboten tertib.saking catetanipun sekolahan, siswa kasebat sampun mboten tertib ngantos 100 poin. Pihak sekolah ndhawuhi pihak kaluwarga supados damel surat pratelan. Adedhasar catetan kasebat, sampun sayektinipun siswa dipunwangsulaken dhateng pihak kaluwarga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar