Jumat, 20 April 2012

geguritanku :)


ESEMMU
Anggitanipun   : Nandia Enggar Nugraheni

Esuk awan wengi
Esemmu tansaya nggodha ati
Wiwit tetepungan ana ing taman mlathi
Wewayanganmu isih gawang-gawang malah tansaya ndadi
          Kakang bagus gegantilaning ati…
          Kembang mlathi iki kang bakal dadi seksi
          Dak lempit dak simpen esemmu ing kedhung ati
          Yen titi wanci bakal tak gawa nganti mati
Kakang bagus sigaraning atiku…
Tresnaku tan ana liyane sliramu
Prau iki wus dak labuh ana ngarsamu
Sedyaku ya sedyamu
Nama    : Nandia Enggar N
Kelas     : X. Akselerasi 2
No.absen            : 11
Kawula tan gawe cuwaning atimu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar